Sabtu, 09 Maret 2013

Tuladha Sesorah

Assalamu’alaikum Wr.Wb
Dhumateng para pini sepuh, para sesepuh dalah pepundhen ingkang satuhu kinabekten, saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulyeng budi.
Ingkang angka pisan, mangga kita tansah ngunjukaken puja saha puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Sahingga wonten rikalenggahanpunika kita saged makepal manunggal wonten papanpunika kanthi karaharjan.
Shalawat  sarta salam mangga kita haturaken junjujangan kita nabi Muhamad SAW inkang tansah kita wantu wantu syafaatipun wonten yaumul akhir.
Para lenggah kakung miwah putri ingkang minulyeng budi, keparenga wonten mriki kula ngadeg cumanthaka kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya awit saestu kula kapiji panjenengan Bapa saha Ibu Ganjar  Waldiono ingkang hamungku gathi, kinen hangaturaken wudaring gantha babaring sedya. Awit panjenenganipun badhe tindak  ziarah kaji insyaAllah tanggal 12 Maret 2013 wanci tabuh 6 enjnag saking griya pahargyanpunika.
Sagung para lenggah
Mboten kekilapan ugi, lumantar kula Bapa saha Ibu Ganjar hangaturaken sugeng rawuh dhumateng para rawuh sami, saha kersa panjenengan sedaya lelenggahan. Kanthi mardu mardikaning panggalih, ngantos saparing purnaning adicara pahargyanpunika.
Sagung para lenggah kakung miwah putri ingkang pantes sinuba ing pakurmatan, wonten ing madyaning acarapunika, keparenga dmateng para sesepuh dalah para rawuh ingkang lenggah wonten mriki paring pujahastawa pujiastuti dumateng ngarsanipun Gusti Allah mugi-mugi anggennya Bapa saha Ibu Ganjar tindak ing tanah suci samangkeh dados haji ingkang mabrur saha semonten ugi, para putra saha wayah ingkang dipun tilar tindak ziarah haji tansah pinaringan karahayon saha kawilujengan. Aamiin, Aamiin, Allahuma Aamiin

Kados, cekap semanten, kupat janure tuwa, kula laepat nyuwun agunge pangaksama.
Wassalamu’alaikum. Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar